Sore iki aku dolan nang rondo. Dengaren okeh wong do nglupuk. Lagi tekan pos durung sempet takon wis dijawil nek mengko bar isya tilik pak jotro. Langsung tak iyoni tak teruske anggonku crito-crito. Wanci 19.00 wingi wong 10 wis nglumpuk nang pos siap budal. Ndak uwong dijaluki duit urunan go tuku oleh-oleh. Gandeng aku sing enom dewe kebagian kon mampir tuku roti.
Motor distater budal menyang rumah sakit. Aku teko kono keri dewe amerga mampir tuku roti. Untunge wae ijik ditunggoni nang lobi. Sak rombongan mlebu nyang kamare pak jotro. Do crito gayeng kae. Maklum kamar kelas 3 dadi sak ruangan dienggo wong akeh. Sak rombongan iki wae wis gayeng ditambahi wong liya sing tilik sanak kadange.
Do gayeng dewe-dewe aku nyumet udut mild. Sak serot jero karo nglaras nikmati rokokku. Moto merem stell dablek ra gagas. opo-opo. Banjur udut entuk separo kok kiwo tengenku wong, gek do menteleng karo gowo gaman. Aku durung sempet takon ana opo wis digebuki wong sak kamar. Wis raiku remuk aku ra sadar.
Tangi-tangi kok wis diinfus karo perbanan. Kaget banjur aku takon perawat. Aku ana apa sus? Suster e karo ngeke ngomong nek aku bar dikamplengi wong sak kamar amerga udut nang jero kamar rumah sakit. Mula kok awakku jarem kabeh, let sedelok aku didorong nang bangsal amerga kudu nginep sik nang rumah sakit. Ibu-ibu sak tak luruhi pas tilik mau langsung nyopo, mas kowe mau tilik to kok nusul mlebu kene?Ger tak esem i wae tapi perawat sing nyurung dipanku ra mandek sing guyu

0 komentar:
Posting Komentar
Berkaryalah dengan jujur